Daftar Blog Saya

Selasa, 06 Desember 2011

bakso krikil taman bada'an magelang

bakso bada'an

Jul 2, '08 9:46 PM
by Adi for everyone



Bapa saha Ibu, ingkang dahat kinurmatan. Sampun dados pakulinan, bilih
ndahar bakso punika bakso-nipun badhe dipun dhahar ingkang kantun. Nuwun
inggih amargi panci ingkang sakalangkung eco piyambak, ugi bakso meniko
ingkang dados roll-ipun. Ananging, kados pundi menawi, gunggungipun bakso
puniko kathah sanged? Wondene wujudipun mboten sak limrahipun bakso?

Bakso krikil, puniko aranipun. Saged dipun panggihi wonten ing
sakupengipun Taman Bada'an. Bakso krikil mboten namun miroso, namung ugi
ndadosaken marem, punopo malih menawi dipun dhahar rikala siang ingkang
benter. Nyuwun pangapunten kagem nyigeg atur, sumonggo dipun rahabi sak
sekecanipun.

Bakso semangkok, gangsal ewu rupiah kemawon, es teh segelas, namung
setunggal ewu.

Ugi, mbok bilih Bapa saha Ibu ingkang sakalangkung wasis, nemahi
klenta-klentu anggenipun dalem matur, mugiyo kerso paring pitedhah. Namung
nyobi ngginakaken basa krama ngiras ngirus kaliyan sinau. Wusananipun,
sedaya lepat nyuwun angunging samudra pangaksami, nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar